Beethoven

Ludwig van Beethoven

Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi

Langsung ke: pandhu arah, golèk

Ludwig van Beethoven (1770-1827), punika satunggiling komposer Jerman, ingkang mawiyaraken wiraga saha wawasan musik klasik. Piyambakipun dados ‘kreteg’ ingkang saged manyabrangi gaya klasik kaliyan gaya romantik.

Kalebet ing karyanipun antawis sanès: sangang simfoni, 32 sonata piano, 16 kwartet, 5 konser piano, satunggal konser biolah, kalih misa, opera Fidelio (1805) kaliyan musik kor.
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.

Wikipedia

Artikel punika, artikel dhasar ingkang kedah dipundarbèni sadaya basa.

Sumber artikel iki saka kaca situs web: “http://jv.wikipedia.org/wiki/Ludwig_van_Beethoven

Komentar (1) »

Mozart

Wolfgang Amadeus Mozart

Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi

Langsung ke: pandhu arah, golèk

Gambar Mozart ing Bologna, Italia (1777).

Gambar Mozart ing Bologna, Italia (1777).

Wolfgang Amadeus Mozart (Salzburg, 27 Januari 1756Wina, 5 Desember 1791), punika satunggiling komposer musik saking Austria. Piyambakipun saged kaangep juru musik ingkang jénius. Saking wiwit alit sampun saged manggubah musik klasik. Karyanipun kathah sanget (kirang langkung 700 lagu).

Karya-karyanipun antawis sanès: Pawiwahan Figaro (Le nozze di Figaro) (1786), Don Giovanni (1787), kaliyan Sruling Ajaib (Die Zauberflöte) (1791). Karyanipun ingkang pungkasan, Requiem, dèrèng bibar awit sampun tilar donya. Lajeng karya punika dipunbibaraken déning Franz Xaver Süssmayr.

[sunting] Daftar komposisi

Mozart nilaraken warisan komposisi musik kathah sanget. Komposisi-komposisinipun sampun dipunpilah-pilah per genre (jenis) ing K.V. (Köchel-Verzeichnis, 1937). Sawijining ringkesan cekak karya Mozarts ugi naté dipunterbitaken ing 1951 mawi judul Der kleine Köchel. Lajeng ugi wonten Verzeichnüss, punika cekakan saking Verzeichnüss aller meiner Werke (1784-1791), sawijining daftar komposisi ingkang dipunserat déning Mozart piyambak. Lajeng ugi wonten sistèm AMV (Alte Mozart-Ausgabe) kaliyan NMA (Neue Mozart-Ausgabe) ingkang dipunginakaken.

Daftar opera Mozart:

Judul KV bibar ing isi sanès-sanès
Die Schuldigkeit des erstes Gebotes KV35 1767
Apollo et Hyacinthus KV38 1767
Bastien en Bastienne KV50 1768
La finta semplice KV51 1768
Mitridate KV87 1770
Ascanio in Alba KV111 1771
Betulia Liberata KV118 1771 Judith kaliyan Holofernes
Il sogno di Scipione KV126 1772
Lucio Silla KV135 1772
Thamos, König in Ägypten 1773, 1775
La finta giardiniera KV196 1774
Il rè pastore KV208 1775
Zaide KV344 1779
Idomeneo KV366 1780
Die Entführung aus dem Serail KV384 1782
L’oca del Cairo KV422
Lo sposo deluso KV430
Der Schauspieldirektor KV486
Le nozze di Figaro KV492 1786 Satunggiling tukang cukur ingkang gandrung
Don Giovanni KV527 1787 Satunggiling playboy
Così fan tutte KV588 1789
Die Zauberflöte KV620 1791 prakawis free masonry (vrijmetselarij)
La clemenza di Tito KV621 1791

[sunting] Requiem

Ing warsa 1791 Mozart kadhatengan tiyang ingkang mboten dipuntepangi. Piyambakipun kajeng pesen satunggiling misa Requiem. Alesan saha jati dhirinipun mboten purun dipunbèbèraken. Bésok tibakipun tiyang punika Raden Franz von Walsegg-Stuppach. Priyantun punika panci gadhah kabiasaan pesen komposisi musik lajeng dipunsalin kaliyan dipunakoni piyambak.

Rikala Mozart nampi pesenan punika, Mozart sampun mboten saras malih. Amargi gadhah pesenan sanès, Mozart saweg saged nyerat requiem punika rikala sangsaya sakit badanipun ngantos séda. Pungkasanipun karya punika dipunbibaraken déning Franz Xaver Süssmayr. Piyambakipun salah satunggiling siswanipun.

Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.

Komentar (1) »

Tembung Entar

Tembung Éntar

Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi

Langsung ke: pandhu arah, golèk

  • Abang-abang lambe: Ora tenanan/ora serius
  • Abang raine: Nandhang isin
  • Abang kupinge: Kesuh/nesu banget
  • Adus kringet: Nyambut gawe abot banget
  • Adol kringet: Nyambut gawe
  • Ala jenengé: Ora iso dipercoyo
  • Bening ati: Sumèh
  • Cagak urip: Nggo nyukupi kebutuhan urip
  • Kuat isin: Ora tau isin
  • Ora duwe ati: Wong sing tega
  • Wani mati: Kendel banget/radha nekad
  • Weteng karet: Akeh mangane

Sumber artikel iki saka kaca situs web: “http://jv.wikipedia.org/wiki/Tembung_%C3%89ntar

Komentar bertahan »

Pengantar

Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Selamat berjumpa dengan Wahyudin Abu Hasbi. Mudah-mudahan Anda menemukan tulisan-tulisan yang bermanfaat bagi kehidupan Anda.
Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

Komentar bertahan »

Paribasan

Paribasa lan Saloka Jawa Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi Langsung ke: pandhu arah, golèk [sunting] Daftar Paribasa Jawa Iki daftar paribasa lan saloka basa Jawa (durung komplit). ——————————————————————————– A B C D E F G H I J K L M N O P Q R S T U V W X Y Z ——————————————————————————– [sunting]
A
1. Anak polah bapa kepradah
2. Adigang, adigung, adiguna
3. Aja dumeh
4. Aja golek wah, mengko dadi owah
5. Ajining dhiri dumunung ana ing lathi, ajining raga ana ing busana
6. Alon-alon waton kelakon
7. Ambeg parama arta
8. Asu gedhe menang kerahe
9. Ana dhaulate ora ana begjane
10. Angon ulat ngumbar tangan
11. Agama ageming aji
12. Anak polah bapak kepradah [sunting]
B
1. Becik ketitik, ala ketara
2. Baladewa ilang gapite
3. Banyu pinerang [sunting]
C
1. Canthing Jali
2. Cebol nggayuh lintang
3. Cathok gawel
4. Cecak nguntal empyak [sunting]
D
1. Diwenehi ati ngrogoh rempela
2. Desa mawa cara negara mawa tata
3. Datan sisip salugut kolang-kaling pinara sasra
4. Dudutan lan aculan [sunting]
E
1. Emban cindhe emban siladan
2. Embat-embat celarat
3. Emprit abuntut bedhug [sunting]
F [sunting]
G
1. Gagak nganggo laring merak
2. Garang garing [sunting]
H
1. Holopis kuntul baris [sunting]
I
1. Idu geni.
2. Ing ngarsa sung tuladha, ing madya mangun karsa, tut wuri andayani. [sunting]
J
1. Jamur ing mangsa katiga
2. Jer basuki mawa beya
3. Jalma limpat seprapat tamat
4. Jalma angkara mati murka
5. Jati ketlusuban luyung
6. Njujul wuwul [sunting]
K
1. Kacang mangsa ninggal lanjaran
2. Kebo kabotan sungu
3. Kebo nusu gudel
4. Kependhem pakem
5. Kutuk marani sunduk
6. Kutuk nggendhong kemiri
7. Kesandung ing rata, kebentus ing tawang
8. Kendel ngringkel, dhadhag ora godag
9. Kelacak kepathak
10. Kebo bule mati setra
11. Kebo ilang, tombok kandhang
12. Kebat kliwat gancang pincang
13. Kandhang langit kemul mega
14. Kadang konang [sunting]
L
1. Lali karo barute
2. Ladak kecengklak
3. Lahang karoban manis [sunting]
M
1. Mikul dhuwur, mendhem jero
2. Mulat sarira angrasa wani, rumangsa melu andarbeni, wajib melu angrukebi
3. Matang tuna numbak luput
4. Meneng widara uleran
5. Menthung koja kena sembagine
6. Mrojol selaning garu [sunting]
N
1. Nguyahi banyu segara
2. Ngrusak pager ayu
3. Nawu lintang
4. Ngundhuh wohing pakarti
5. Nucuk ngiberake
6. Ngagar metu kawul
7. Nglungguhi klasa gumelar
8. Nyangoni kawula minggat
9. Nyunggi lumpang kentheng [sunting]
O
1. Obor blarak
2. Othak athik gathuk [sunting]
P
1. Pakulinan iku kodrat sing kapindho. [sunting]
R
1. Rawe-rawe rantas malang-malang putung. [sunting]
S
1. Sapa sira sapa ingsun
2. Sugih tanpa bandha, digdaya tanpa aji, nglurug tanpa bala, menang tanpa ngasorake
3. Sapa gawé nganggo
4. Sumur golek timba
5. Sadumuk bathuk, sanyari bumi
6. Sing bisa rumangsa, aja rumangsa bisa [sunting]
T
1. Tuna sathak bathi sanak
2. Tembang rawat-rawat, ujare bakul sinamberawa
3. Tunggak jarak mrajak, tunggak jati mati
4. Tega larane ora tega patine
5. Tumbak cucukan [sunting]
U
1. Ubaya saksi.
2. Ubut saksi.
3. Udan gemblong omahe wong, udan gaplek omahe dhewe, meksa luwih becik ing omahe dhewe.
4. Ulah semu.
5. Ujaring wong pepasaran.
6. Ula marani gebug.
7. Ulangan cumbon.
8. Ulat madhep ati arep.
9. Ula-ula dawa.
10. Undhaking pawarta sudaning kiriman.
11. Undhaking pawarta sudaning titipan.
12. Undha usuk.
13. Ungak-ungak pager arang.
14. Unjal angempan.
15. Upaya prabeda.
16. Upaya saksi.
17. Urik klelet candhu tike.
18. Urun rembug.
19. Urun wudhu.
20. Usung-usung lumbung.
21. Utange nurut wulu.
22. Utang lara nyaur lara, utang pati nyaur pati.
23. Utang nyaur, nyilih ambalekake.
24. Uwot gedebog.
25. Uyah kecemplung segara. [sunting]
W
1. Witing tresna jalaran saka kulina
2. Wong legan golek momongan [sunting]
Y
1. Yitna yuwana lena kena

Komentar bertahan »

Paribasan

Paribasa lan Saloka Jawa Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi Langsung ke: pandhu arah, golèk [sunting] Daftar Paribasa Jawa Iki daftar paribasa lan saloka basa Jawa (durung komplit). ——————————————————————————– A B C D E F G H I J K L M N O P Q R S T U V W X Y Z ——————————————————————————– [sunting] A Anak polah bapak kepradah Adigang, adigung, adiguna Aja dumeh Aja golek wah, mengko dadi owah Ajining dhiri dumunung ana ing lathi, ajining raga ana ing busana Alon-alon waton kelakon Ambeg parama arta Asu gedhe menang kerahe Ana dhaulate ora ana begjane Angon ulat ngumbar tangan Agama ageming aji Anak polah bapak kepradah [sunting] B Becik ketitik, ala ketara Baladewa ilang gapite Banyu pinerang [sunting] C Canthing Jali Cebol nggayuh lintang Cathok gawel Cecak nguntal empyak [sunting] D Diwehi ati ngrogoh rempela Desa mawa cara negara mawa tata Datan sisip salugut kolang-kaling pinara sasra Dudutan lan aculan [sunting] E Emban cindhe emban siladan Embat-embat celarat Emprit abuntut bedhug [sunting] F [sunting] G Gagak nganggo laring merak Garang garing [sunting] H Holopis kuntul baris [sunting] I Idu geni. Ing ngarsa sung tuladha, ing madya mangun karsa, tut wuri andayani. [sunting] J Jamur ing mangsa katiga Jer basuki mawa beya Jalma limpat seprapat tamat Jalma angkara mati murka Jati ketlusuban luyung Njujul wuwul [sunting] K Kacang mangsa ninggal lanjaran Kebo kabotan sungu Kebo nusu gudel Kependhem pakem Kutuk marani sunduk Kutuk nggendhong kemiri Kesandung ing rata, kebentus ing tawang Kendel ngringkel, dhadhag ora godag Kelacak kepathak Kebo bule mati setra Kebo ilang, tombok kandang Kebat kliwat gancang pincang Kandhang langit kemul mega Kadang konang [sunting] L Lali karo barute Ladak kecengklak Lahang karoban manis [sunting] M Mikul dhuwur, mendhem jero Mulat sarira angrasa wani, rumangsa melu andarbeni, wajib melu angrukebi Matang tuna numbak luput Meneng widara uleran Menthung koja kena sembagine Mrojol selaning garu [sunting] N Nguyahi banyu segara Ngrusak pager ayu Nawu lintang Ngundhuh wohing pakarti Nucuk ngiberake Ngagar metu kawul Nglungguhi klasa gumelar Nyangoni kawula minggat Nyunggi lumpang kentheng [sunting] O Obor blarak Othak athik gathuk [sunting] P Pakulinan iku kodrat sing kapindho. [sunting] R “Rawe-rawe rantas malang-malang putung.” [sunting] S Sapa sira sapa ingsun Sugih tanpa bandha, digdaya tanpa aji, nglurug tanpa bala, menang tanpa ngasorake sapa gawé nganggo Sumur golek timba sadumuk bathuk, sanyari bumi Sing bisa rumangsa, aja rumangsa bisa [sunting] T Tuna sathak bathi sanak Tembang rawat-rawat, ujare bakul sinamberawa Tunggak jarak mrajak, tunggak jati mati Tega larane ora tega patine Tumbak cucukan [sunting] U Ubaya saksi. Ubut saksi. Udan gemblong omahe wong, udan gaplek omahe dhewe, meksa luwih becik ing omahe dhewe. Ulah semu. Ujaring wong pepasaran. Ula marani gebug. Ulangan cumbon. Ulat madhep ati arep. Ula-ula dawa. Undhaking pawarta sudaning kiriman. Undhaking pawarta sudaning titipan. Undha usuk. Ungak-ungak pager arang. Unjal angempan. Upaya prabeda. Upaya saksi. Urik klelet candhu tike. Urun rembug. Urun wudhu. Usung-usung lumbung. Utange nurut wulu. Utang lara nyaur lara, utang pati nyaur pati. Utang nyaur, nyilih ambalekake. Uwot gedebog. Uyah kecemplung segara. [sunting] W Witing tresna jalaran saka kulina Wong legan golek momongan [sunting] Y Yitna yuwana lena kena

Komentar bertahan »

Kho Ping Hoo

Kho Ping Hoo

Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi

Langsung ke: pandhu arah, golèk

Asmaraman Sukowati Kho Ping Hoo (ugi dipun éja Kho Ping Ho) punika satunggiling penulis carios silat (cerita silat) ingkang populer sanget ing Indonesia. Peranakan Tionghoa punika lair ing Sragen, tanggal 17 Agustus 1926. Piyambakipun séda tanggal 22 Juli 1994 amargi serangan jantung.

Salami 30 taun piyambakipun sampun nyerat paling mboten 120 karya. Bilih saben jilid dipun waos 25 jalmi, kinten-kinten saben edisinipun dipun waos déning 1,6 yuta jalmi. Senajan nyerat carios-carios silat Tionghoa, piyambakipun mboten saged maos lan nyerat ing baasa Mandarin. Kho Ping Hoo kathah pikantuk inspirasi saking film-film silat Hong Kong lan Taiwan. Kontribusinipun kanggé sastra Indonesia khususipun Melayu Tionghoa mboten saget dipun lalèkaken.

Amargi mboten saged basa Mandarin, kathah fakta historis lan geografis Tiongkok wonten salebeting carios mboten rujuk kaliyan kanyatan ingkang saleresipun. Nanging bab punika mboten dados alangan kanggé para sutrisna ingkang maos novel Kho Ping Hoo, ingkang sabagéan ageng inggih dèrèng naté tindak dhateng dharatan Tiongkok ugi..

Sanèsipun karya-karya ingkang kasebat ing ngandhap punika, taksih kathah karya-karya Asmaraman S. Kho Ping Hoo ingkang arupi karangan-karangan lepas (setunggal judul/kisah tamat), ingkang nggadhahi latar wingking Tionghoa utawi Jawi. Malah wonten serial Pecut Sakti Bajrakirana lan serial Badai Laut Selatan ingkang alatar mangsa Mataram Islam lan zaman Airlangga.

Sawetawis sinetron ingkang dipun tayangaken televisi Indonesia ugi nggadhahi kamiripan carios kaliyan novel Kho Ping Hoo. Ing antawisipun sinetron serial Anglingdarma ingkang mirip kaliyan isi carios Bu Kek Siansu lan sinetron serial Misteri Gunung Merapi ingkang mirip kaliyan Alap-alap Laut Kidul (Lindu Aji), lan Bagus Sajiwo. Kamangka wonten ing carios aslinipun, Misteri Gunung Merapi langkung nggadhahi nuansa tlatah Sumatra lan Gunung Sorik Marapi-nipun. Mboten mangertos bilih bab punika minangka kaleresan kémawon..

Komentar bertahan »

Ramayana

Kakawin Ramayana

Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi

Langsung ke: pandhu arah, golèk

Anoman.

Anoman.

Kakawin Rāmāyaṇa punika kakawin ingkang isinipun wiracarita Ramayana. Kakawin punika dipunserat mawi basa Jawa Kina, dipunidhep para pakar dipundamel ing Jawa Tengah pungkasan abad kaping 9 M, kirang langkung kiwa tengenipun taun 870. Kakawin punika dipunwastani adikakawin amargi kaanggep ingkang kapisan, panjang piyambak kaliyan saking saénipun basanipun saking mangsa Hindhu-Jawi.

Sekar rupa kakawin puniki salah satunggiling vèrsi Indhia ingkang kathah prakawis cariyos sang Rama kaliyan sang Sita, wiracarita agung ingkang vèrsi pratamanipun sanjangipun para pandhita dipunanggit déning Walmiki ing basa Sansekreta.

Bab lan Paragraf

[delikna]

//

[sunting] Ringkesan

Prabu Dasaratha saking negari Ngayodya kagungan putra sekawan; Rama, Bharata, Laksmana saha Satrughna. Satunggaling dinten wonten resi anami Wiswamitra ingkang nuwun tulung Sri Paduka Dasarata mbébasaken patapanipun saking para raksasa. Lajeng Rama saha Laksamana tindhak.

Ing patapan mrika, Rama kaliyan Laksmana mejahi sedaya raksasa lajeng nuju negari Mithila amargi wonten mriku wonten sayembara. Sok sintena ingkang menang saged angsal putri raja anami Dèwi Sita. Lajeng para pasarta dipunkèn ngrentangaken gandhéwa panah ingkang nyertani wiyosanipun sang Sita. Mboten wonten ingkang saged kajawi Rama, lajeng kakalihipun krama lajeng wangsul dhateng Ngayodya.

Ing Ngayodya Rama bakal dipunangkat dados ratu, amargi piyambakipun laré mbarep. Anging Kaikeyi, salah satunggiling garwa prabu Dasarata ingkang sanès ibu Rama sanjang menawi sri paduka naté ngandika menawi Barata ingkang bakal dados raja. Lajeng mawi abot manahipun raja Dasarata nulusaken panyuwunipun awit pancèn naté janji mekaten. Lajeng Rama, Sita kaliyan Laksmana tindhak nilar kedhaton. Sasampun pinten wanci, prabu Dasarata séda lajeng Barata madosi. Piyambakipun rumaos mboten pantes dados raja lajeng nuwun supados Rama kersa wangsul. Anging Rama nampik lajeng nyukani sandhalipun (basa Sansekreta: pāduka) marang Barata kados lambang kakuwasanipun.

Lajeng Rama, Sita saha Laksmana wonten alas Dandaka. Ing mriku wonten raksasi anami Surpanakha ingkang kasengsem remen kaliyan Laksmana lajeng mindha dados wanodya ayu. Anging Laksmana mboten saged dipunrayu, malahan wusananipun pucuk irungipun keiris. Surpanakha nepsu lajeng pradul kaliyan kangmasipun sang Rawana. Piyambakipun saged mbujuki saha ngekèn Rawana nyulik Sita kaliyan ngepèk dados sèmahipun.

Lajeng sang Rawana ndhawuhi Marica, satunggiling raksasa kanggé nyulik Sita. Marica pados upaya mindha dados kidang emas ingkang éndhah. Sita katarik lajeng nyuwun garwanipun supados mbedhog kidang punika. Rama nilar Sita kalih Laksmana, tindhak piyambak ngoyak si kidang emas. Si kidang emas gesit sanget, mboten saged dipuntangkep. Wusananipun Sri Rama anyel lajeng dipunpanah. Si kidang emas njerit kesakitan lan éwah malih dados raksasa, lajeng pejah. Sita ingkang wonten tebih nginten ingkang njerit punika Rama lajeng ngekèn Laksamana madosi. Laksmana mboten purun anging wusananipun purun sasampunipun dipunlèhaken kaliyan dipuntedhah Sita ajeng ngepèk piyambakipun. Wusananipun Sita dipuntilar piyambakan lajeng saged dipunculik Rawana.

Jeritanipun sang Sita karungu déning peksi sang Jatayu ingkang naté dados réncangipun prabu Dasarata, lajeng usaha nulungi Sita. Anging Rawana langkung kiyat, saged ngalahaken Jatayu. Jatayu ingkang sekarat taksih saged nyukani laporan marang Rama saha Laksmana menawi Sita dipunbekta marang Lengka, ing kedhaton sang Rawana.

Lajeng Rama saha Laksmana dhumateng ing kedhatonipun Rawana. Ing satunggiling tlatah manggihi para wanara saha ratunipun ingkang anami Bali. Bali punika nyulik sèmahipun kangmasipun. Wusananipun Bali saged dipunpejahi lajeng sèmahipun dipunwangsulaken marang Sugriwa. Sugriwa sumedya nulungi sang Rama. Wusananipun mawi wadya bala wanara kalih sénapatinipun Hanuman, satunggiling kethèk pethak, sedaya saged mejahi Rawana kaliyan mbébasaken Sita. Sita saged dipunboyong wangsung menyang Ngayodya lajeng sang Rama dados raja.

Komentar bertahan »

Mesjid

Mesjid

Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi

Langsung ke: pandhu arah, golèk

Mesjid Agung Banda Aceh

Mesjid Agung Banda Aceh Mesjid punika, papan kanggé ngibadahipun tiyang Muslim. Sasanèsipun mesjid ugi wonten “langgar” kaliyan “mushola” ingkang memper Mesjid, namung langkung alit. Ing tanah Jawi kathah mesjid ingkang arsitekturipun taksih mèmper Meru.

Bab lan Paragraf

[delikna]

//

[sunting] Étimologi

Tembung “mesjid” utawi “masjid” puniku dipendhet saking basa Arab masjid ingkang tegesipun “papan pasujudan”. Tembung puniki saking tembung kerja sajada (oyot s-j-d ingkang tegesipun “sujud” utawi “jèngkèng”). Tembung masjid utawi sajada dipun serap saking basa Aram. Tembung “m-s-g-d” sampun wonten ing abad ka-5 SM lan sasampunipun uga dipun panggihi wonten prasasti-prasasti Nabatea lan tegesipun ugi “papan pasujudan”.

[sunting] Sajarah

Wonten ing ajaran Islam kasebutaken menawi masjid sepindhah punika Ka’bah ingkang dipun damel déning Nabi Ibrahim. Wangunan mesjid kados ingkang kasebat sapunika niku dipun wiwiti ing Madinah rikala jaman Nabi Muhammad ingkang kasebat Mesjid Quba.

[sunting] Mesjid Indonesia

Mesjid ingkang kawentar wonten ing Indonesia inggih punika Mesjid Istiqlal ingkang dipun rancang déning Friedrich Silaban ing caket Silang Monas, Jakarta.

Komentar bertahan »

Ramayana

Kakawin Ramayana

Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi

Langsung ke: pandhu arah, golèk

Anoman.

Anoman.

Kakawin Rāmāyaṇa punika kakawin ingkang isinipun wiracarita Ramayana. Kakawin punika dipunserat mawi basa Jawa Kina, dipunidhep para pakar dipundamel ing Jawa Tengah pungkasan abad kaping 9 M, kirang langkung kiwa tengenipun taun 870. Kakawin punika dipunwastani adikakawin amargi kaanggep ingkang kapisan, panjang piyambak kaliyan saking saénipun basanipun saking mangsa Hindhu-Jawi.

Sekar rupa kakawin puniki salah satunggiling vèrsi Indhia ingkang kathah prakawis cariyos sang Rama kaliyan sang Sita, wiracarita agung ingkang vèrsi pratamanipun sanjangipun para pandhita dipunanggit déning Walmiki ing basa Sansekreta.

Bab lan Paragraf

[delikna]

//

[sunting] Ringkesan

Prabu Dasaratha saking negari Ngayodya kagungan putra sekawan; Rama, Bharata, Laksmana saha Satrughna. Satunggaling dinten wonten resi anami Wiswamitra ingkang nuwun tulung Sri Paduka Dasarata mbébasaken patapanipun saking para raksasa. Lajeng Rama saha Laksamana tindhak.

Ing patapan mrika, Rama kaliyan Laksmana mejahi sedaya raksasa lajeng nuju negari Mithila amargi wonten mriku wonten sayembara. Sok sintena ingkang menang saged angsal putri raja anami Dèwi Sita. Lajeng para pasarta dipunkèn ngrentangaken gandhéwa panah ingkang nyertani wiyosanipun sang Sita. Mboten wonten ingkang saged kajawi Rama, lajeng kakalihipun krama lajeng wangsul dhateng Ngayodya.

Ing Ngayodya Rama bakal dipunangkat dados ratu, amargi piyambakipun laré mbarep. Anging Kaikeyi, salah satunggiling garwa prabu Dasarata ingkang sanès ibu Rama sanjang menawi sri paduka naté ngandika menawi Barata ingkang bakal dados raja. Lajeng mawi abot manahipun raja Dasarata nulusaken panyuwunipun awit pancèn naté janji mekaten. Lajeng Rama, Sita kaliyan Laksmana tindhak nilar kedhaton. Sasampun pinten wanci, prabu Dasarata séda lajeng Barata madosi. Piyambakipun rumaos mboten pantes dados raja lajeng nuwun supados Rama kersa wangsul. Anging Rama nampik lajeng nyukani sandhalipun (basa Sansekreta: pāduka) marang Barata kados lambang kakuwasanipun.

Lajeng Rama, Sita saha Laksmana wonten alas Dandaka. Ing mriku wonten raksasi anami Surpanakha ingkang kasengsem remen kaliyan Laksmana lajeng mindha dados wanodya ayu. Anging Laksmana mboten saged dipunrayu, malahan wusananipun pucuk irungipun keiris. Surpanakha nepsu lajeng pradul kaliyan kangmasipun sang Rawana. Piyambakipun saged mbujuki saha ngekèn Rawana nyulik Sita kaliyan ngepèk dados sèmahipun.

Lajeng sang Rawana ndhawuhi Marica, satunggiling raksasa kanggé nyulik Sita. Marica pados upaya mindha dados kidang emas ingkang éndhah. Sita katarik lajeng nyuwun garwanipun supados mbedhog kidang punika. Rama nilar Sita kalih Laksmana, tindhak piyambak ngoyak si kidang emas. Si kidang emas gesit sanget, mboten saged dipuntangkep. Wusananipun Sri Rama anyel lajeng dipunpanah. Si kidang emas njerit kesakitan lan éwah malih dados raksasa, lajeng pejah. Sita ingkang wonten tebih nginten ingkang njerit punika Rama lajeng ngekèn Laksamana madosi. Laksmana mboten purun anging wusananipun purun sasampunipun dipunlèhaken kaliyan dipuntedhah Sita ajeng ngepèk piyambakipun. Wusananipun Sita dipuntilar piyambakan lajeng saged dipunculik Rawana.

Jeritanipun sang Sita karungu déning peksi sang Jatayu ingkang naté dados réncangipun prabu Dasarata, lajeng usaha nulungi Sita. Anging Rawana langkung kiyat, saged ngalahaken Jatayu. Jatayu ingkang sekarat taksih saged nyukani laporan marang Rama saha Laksmana menawi Sita dipunbekta marang Lengka, ing kedhaton sang Rawana.

Lajeng Rama saha Laksmana dhumateng ing kedhatonipun Rawana. Ing satunggiling tlatah manggihi para wanara saha ratunipun ingkang anami Bali. Bali punika nyulik sèmahipun kangmasipun. Wusananipun Bali saged dipunpejahi lajeng sèmahipun dipunwangsulaken marang Sugriwa. Sugriwa sumedya nulungi sang Rama. Wusananipun mawi wadya bala wanara kalih sénapatinipun Hanuman, satunggiling kethèk pethak, sedaya saged mejahi Rawana kaliyan mbébasaken Sita. Sita saged dipunboyong wangsung menyang Ngayodya lajeng sang Rama dados raja.

Komentar bertahan »

Ikuti

Get every new post delivered to your Inbox.